Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018

Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018

CV Imagin
29/09/2018
  • 13.2 MB

    Tamaño de archivo

  • Android 4.0+

    Android OS

Acerca del Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018

Buku Digital - Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018

Mangsa Paska sampun dhateng malih, ngajak kita minangka pasamuwan nindakaken „retreat akbar“, ngraos-raosaken maknaning gesang sesarengan kaliyan Gusti lan sesami. Patunggilan (dadosa awujud pasamuwan, brayat menapadéné masyarakat) dados wadhah kanggé kita nindakaken rèflèksi kasebat saha ngecakaken wohing rèflèksi kanthi tumindak nyata.

Jejer mangsa Paska warsa 2018 inggih punika: TRESNA, PITADOS LAN PANGAJENG-AJENG. Katresnanipun Sang Kristus dhumateng manungsa ndadosaken Panjenenganipun rila nandhang sangsara. Kanthi katresnanipun punika, Panjenenganipun nuntun kita supados saged ngrajut kekancan ingkang kebak katresnan. Mboten namung punika kémawon, katresnan kasebat kita tanggapi kanthi raos pitados. Tresna saha pitados ingkang kita raosaken kasebat nuwuhaken pangajeng-ajeng. Mekaten punika gagasan ingkang dipun rembakakaken wonten ing bahan-bahan ingkang kaaturaken ing buku punika.

Lumantar atur sapala punika, kawula ugi ngajak pasamuwan supados nindakaken padatan-padatan mirunggan ingkang dipun tindakaken ing mangsa Paska. Umpaminipun: nyiriki tetedhan (dhaging, lsp.) utawi kabiyasan tartamtu (ses/ngrokok, lsp.), siyam, “program amal katresnan” utawi sanès-sanèsipun. Mugimugi kegiatan-kegiatan kasebat saged langkung dipun raosraosaken malih kanthi langkung lebet satemah sami saged manggihaken teges anyar ingkang mirunggan.

Bab sanès ingkang prelu dipun gatosaken saha dipun tindakaken inggih punika rèflèksi sesarengan ing satengahing brayat. LPP Sinode tansah ngajak pasamuwan supados sami nguri-uri bab ingkang kados mekaten. Pramila ing buku punika kacawisaken bahan-bahan PA Brayat ingkang mligi kanggé brayat inti. PA Brayat kasebat kaajab katindakaken ing griyanipun piyambakpiyambak kanthi wawanrembag ingkang kebak katresnan.

Kauningana bilih bahan PA Brayat kasebat dipun rancang mawi modhèl Shared Christian Praxis (Berbagi Praksis Kristen). Ancasipun supados mbiyantu sedaya anggotaning brayat nggadhahi kapitadosan Kristen ingkang gesang, ingkang sangsaya mindhak-mindhak wewah, dadosa sacara pribadi menapadéné sesarengan minangka brayat.

Mostrar más

Novedades más recientes 102

Last updated on 2018-09-29
Perbaikan Zoom
Mostrar más

Vídeos y capturas de pantalla

  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 Poster
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 1
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 2
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 3
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 4
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 5
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 6
  • Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 captura de pantalla 7

Información de Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 APK

Última Versión
102
Android OS
Android 4.0+
Tamaño de archivo
13.2 MB
Desarrollador
CV Imagin
Descargas seguras y rápidas de APK en APKPure
APKPure utiliza verificación de firmas para garantizar descargas de Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018 APK libres de virus para ti.

Versiones Antiguas de Pakempalan Pandonga Paska Jawa 2018

APKPure icono

Descarga rápida y segura a través de APKPure App

¡Un clic para instalar archivos XAPK/APK en Android!

Descargar APKPure
thank icon
We use cookies and other technologies on this website to enhance your user experience.
By clicking any link on this page you are giving your consent to our Privacy Policy and Cookies Policy.
Learn More about Policies